dadi ngene.. terlepas teko kehidupan ku seng fuck up iki, aku nutup atiku 2thn, tiba² onok seseorang hadir dan gae aku yakin buka ati maneh. Aku nyaman ambe dek e. Lek aku crito opo² feedback e apik gawe aku, ndek kondisiku seng koyok Saiki, aku butuh bgt motivasi.
Dadi, aku dijak nonton, iku first time aku nonton + ngemall ambek arek wedok. Dek e perhatian awale, aku bener² buka atiku mek gae arek iki. Aku mulai sayang nng arek iki. Pas suatu saat aku ngomong lek aku ndue perasaan nng dek e.. dek e mek gaiso ngekek i kepastian se. its ok mungkin sek iso tak perjuangno. Tapi makin kesini, dek e agak cuek. Oke mungkin sibuk se gpp aku ngerti.
Dek e mulai kerja nde pesen kopi, training, aku pingin asline barengi bendino, tp aku ngerti ichung arek e gak enak an. saking pingine support, pas hari Jumat aku cabut pas jam ke 2 kuliah, Iyo aku goroh, aku ngomong e wes moleh. Aku mek iso dukung, aku pingin delok arek e semangat nguber opo seng dipingino, dan mek iku seng iso tak lakoni gawe dek e.. Aku awal e dijak bareng kerjo Kono, tp koyok e aku gaiso, pasti bentrok ambek jam kuliah ku. Aku berusaha selalu onok gae ichung pas iku.
Saiki cuek sih, koyok e cedek ambek arek lain (koyok e Lo), aku sadar lah aku sopo, aku gak pantess.
iki wes 1 bulan/hampir 2 bulan gak ketemu, gak chat² an, perhatianmu seng awale manis banget, ilang, .. kadang lek tak scroll Munggah aku koyok pingin yo awakdewe se-cidek koyok pas kait kenal... Yo aku iso opo, Iki pilihan e dek e, sepurane aku gak sesuai ekspektasi mu. Mungkin aku kudu move on / aku nutup ati maneh seng embo sampai kapan aku siap buka maneh..
Mungkin dek e gak bakal pernah Moco tulisan Iki. Tapi gpp, its ok, emang lebih baik gak ro.. aku gk duwe opo² emang, aku gaiso ngekek i opo² untuk saat iki. Tp semisal umak Chung Moco tulisan iki, mugo2 umak ngerti se, umak gak salah kok, aku gak pernah nyalahno sopo² nde kene. Waktu pun gak salah, bukan di waktu yg gak tepat. Tapi aku orang yg gk tepat gae umak.
Tapi, Suwon, meskipun iki mek sementara, aku kroso awakdewe kenal wes suwe pas waktu iku, gampang bgt akrab, aku oleh pengalaman baru, kenanganmu, aku gak bakal lali, Hujan²an, neduh, umak kepalae kebentur, Mie Ayam, jus, pujas, membaca pikiran, bioskop, mall Dinoyo, Alfa kendedes, kantor grab, Sawojajar, Pesen Kopi, Lawang, dalan bendino aku liwat, banyak, padahal cuma sementara, seng tak rasakno akeh Chung... ah shit, aku gk ngerti yaopo carane ngelalekno. Umak salah satu wong apik seng teko Nang uripku. Thanks.. btw sory casing hpmu pecah, :( tp bakal ttp tak simpen kok.
Tp koyok e aku bakal ngadoh, bukan e benci, lek diterusno ngene, kerjoan ku keteteran. Aku gaiso fokus, pikiran ku nangdi². Mungkin suatu saat lek ketemu maneh, awakmu wes gk nde atiku maneh... Sepurane...
Suwon :)
Have a nice day, jaga kesehatan 🌻
The one and only ichung 🌻
See you next time ♥️
Bye...
Piece out. ✌️
Komentar
Posting Komentar